TOBAT
Duh ﷲ, gusti kawula ingkang maha suci lan ingkang maha tunggal, kawula nyuwun pangapunten tumprap sedaya dosa lan kalepatan kula, kawula matur sembah nuwun atas paring paduka nikmat saha nugraha, satuhunipun mboten wonten sesembahan sanes ing alam punika kejawi paduka, gusti ﷲ ingkang maha tunggal lan muhamad punika tuhu nabi saha utusan paduka, mboten wonten daya lan kekiatan kejawi saking paduka, amin
SAHADAT
Aku nekseni satemene ora ana pangeran kejaba gusti ﷲ
Aku nekseni satemene kanjeng nabi muhamad iku dadi utusane ﷲ taala
WUDHU
Niyat ingsun wudhu karana ngilangake kadas cilik karana ﷲ
BUBAR WUDHU
Aku nekseni ora ana pangeran kajaba ﷲ kang siji tur ora ana kang nyekutoni lan aku nekseni saktemene nabi muhamad iku dadi utusane ﷲ, duh ﷲ mugi kulo’panjenengan dadosaken golonganipun tiyang kang ahli suci lan dados golonganipun kawula panjenengan ingkang soleh, maha suci panjenengan duh ﷲ lan kaliyan muji panjenengan, kula nekseni boten wonten pengeran kejawi panjenengan kulo nyuwun pangapunten deteng panjenengan lan kulo tobat dateng panjenengan.
NIYAT SHOLAT
Niyat sholat wajib ( ....) (,,,,) rokaat karo madep kiblat tur nekani ing wektune karana ﷲ
IFTITAF
ﷲ zat kang maha agung lan sekabehe puji kagungane ﷲ, kelawan sekehe puji, maha suci ﷲ ana ing esuk lan sore, sayektosipun kulo menika ngadepaken badan kula dateng dzat kang damel langit lan bumi kanthi condong lan pasrah, lan kulo menika sanes golonganipun tiyang musrik, sak temene sholat kulo ngibadah kulo gesang kulo lan pejah kulo menika kagunganipun ﷲ kang mengerani sedaya ngalam, mboten wonten tiyang ingkang nyekutoni ﷲ mekaten ugi kulo dipun printah mboten nyekutoni dateng ﷲ lan kulo menika golonganipun tiyang islam.
( mugi-mugi panjenengan nyembadani panyuwun kula )
RUKUK
Maha suci pangeranku dzat kang luhur lan muji ing ﷲ
IKTIDAL
ﷲ Midhanget marang sakabehing wong kang muji, Duh ﷲ puji sakebak’ipun langit lan bumi, lan sakebak’ipun barang kang panjenengan kersaaken, sak’sampunipun menika sedaya wau namung kagungan panjenengan .
SUJUD
Maha suci pengeranku dzat kang luhur lan muji ing ﷲ
TAHIYAT AWAL
Duh pengeran, kulo mugi paring pangapunten dhateng kulo lan paring welas dhateng kulo lan mugi nambahi sedaya kekurangan kulo lan mugi ngangkat drajat kulo lan mugi paring rizki dhateng kulo lan mugi paring pitedhah, paring pangapunten dhateng kulo.
ATAHIYAT
Reruba,sholawat,barokah sedaya kesaenan menika kagunganipun ﷲ , keslametan,rohmat lan barokah ipun ﷲ mugi tetep dhateng panjenengan, duh nabi ya ﷲ , keslametan mugi tetep dhateng kita lan dhateng kawulanipun ﷲ ingkang soleh, kulo nekseni bilih mboten wonten pengeran kejawi ﷲ lan kulo nekseni bilih nabi muhamad menika utusanipun ﷲ . duh ﷲ mugi paring rohmat dhateng nabi kita muhamad lan keluarganipun.
Kados ingkang panjenengan paringi rohmat dhateng nabi ibrahim lan keluarganipun. Lan mugi paring barokah dhateng nabi kita muhamad lan keluarganipun. Kados anggen panjenengan paringi barokah dhateng nabi ibrahim lan keluarganipun, sayektosipun panjenengan menika dzat kang pinuji tur dzat kang menang wonten ing alam sedaya. Duh ﷲ mugi paring pangapunten dhateng dosa kulo ingkang rumiyin, ingkang kantun, ingkang samar, ingkang terang, saha dosa ingkang keluwihan saha dzat ingkang mboten saget kulo sumerepi. ya ﷲ panjenengan menika dzat ingkang rumiyin lan dzat ingkang kantun mboten wonten pengeran kejawi panjenengan, duh ﷲ kulo nyuwun reksa dhateng panjenengan saking siksa kubur lan neraka tuwin saking pitnah ipun gesang lan pejah, tuwin saking pitnah ipun DAJJAL. Duh ﷲ sejatosipun kulo menika kaningaya dhateng badan kulo kanti kaningoyo ingkang kathah tur akeh, mboten wonten ingkang paring pangapunten kejawi panjenengan mila kulo nyuwun pangapunten dhateng panjenengan tuwin mugi paring wales dhateng kulo.
Sayektosipun panjenengan menika dzat kang paring pangapunten, tuwin welas asih, duh dzat kang ngobahaken manah mugi nekak’aken dhateng manah kulo wonten ing agami islam.
SALAM
Keslametan lan rohmat ﷲ muga muga tetep marang sira kabeh
WIRIDAN
Nyuwun pangapunten dhateng ﷲ kangge badan kulo, tiyang sepuh kalih kulo, tiyang ingkang nggadhahi kwajiban dhateng kulo, lan sedaya tiyang tiyang mukmin lan tiyang islam jaler istri, ingkang gesang lan ingkang sampun pejah, ora ana pengeran kejaba ﷲ , dzat kang sawiji tur ora ana kang nyekutoni, kabeh keraton lan kabeh puji kagungane ﷲ dzat kang paring urip lan pati. ﷲ iku kuwsa marang sekabehe perkara, duh ﷲ panjenengan dzat kang kagungan keslametan, sedaya keslametan saking
panjenengan ugi badhe wangsul dhateng panjenengan, mugi paring gesang dhateng kulo kanthi slamet lan mugi nglebetaken dhateng kulo wonten ing griya keslametan nggih menika swarga, maha luhur lan maha agung panjenengan dzat kang kagungan sifat luhur lan kamulyan.
☻ Al fatekah !!
pengeran sira kabeh iku mung siji ora ana pengeran kejaba dzat kang welas asih.
AYAT KURSI
ﷲ ora ana pengeran kang disembah kejaba gusti ﷲ, dzat kang jumeneng, ﷲ ora bakal kagungan ngantuk lan sare, ﷲ kagungan sekabehe barang kang ana ing langit lan bumi, ora ana wong kang bisa aweh sapangat (pitulungan kejaba kelawan idin’e ﷲ ) ﷲ ngudan’ani utawa weruh barang kang ana ing ngarepe lan mburine makhluk, makhluk ora bakal bisa weruh marang ngilmune ﷲ, kejaba sing wis di kersaake dening ﷲ, keratone ﷲ bisa amot barang kang ana ing langit lan bumi, lan ﷲ ora bakal kabotan ngreksa langit lan bumi, ﷲ dzat kang luhur lan agung.
ﷲ wus mertelak’aken satemene ora ana pengeran kejaba ﷲ, semono uga malaikat lan manungsa kang nduweni ilmu ( anbiyak lan mukmin ) wis mertelak’aken kelawan ngadil, yen ora ana pengeran kejaba dzat kang mulya lan wicaksono, sak temene agama kang diridhoi ﷲ iku agama islam, dawuhana muhamad ya ﷲ kang ngratoni sedaya kraton, panjenengan maringaken keraton dateng tiyang ingkang panjenengan kersaaken, ugi ngandut ( nglepas ) keraton saking tiyang ingkang panjenengan mulyaaken dhateng tiyang ingkang kersaaken, ugi panjenengan ngasoraken dhateng tiyang ingkang panjenengan kersaaken, sedaya kesaenan wonten kuwaos panjenengan, sayektosipun panjenengan menika kuwaos sedaya perkawis, panjenengan menika nglebetaken rina wonten ing wengi, panjenengan ngedalaken barang gesang saking barang pejah, ugi ngedalaken barang pejah saking barang gesang, ugi panjenengan paring rizki dhateng tiyang ingkang panjenengan kersaaken kanthi rizki ingkang jembar.
Subhanaallah maha suci ﷲ
Hamdallah sekabehe puji kangungane ﷲ
Allahu akbar ﷲ maha agung
ﷲ dzat kang luwih agung kelawan agung, lan sekabehane puji kagungane ﷲ kelawan sekabehe puji, maha
DONGA BUBAR SHOLAT
Puji Kagungane ﷲ kang mengerani ngalam kabeh, kelawan puji kang nuhuni marang nikmat ﷲ lan nyukupi marang tambahe nikmat ﷲ. Duh ﷲ sedaya puji punika kagungane panjenengan kados barang kang prayogi tumprap kagungan dzat panjenengan lan keraton panjenengan. Duh ﷲ mugi paring rohmat lan salam dhateng nabi kita Muhamad kanthi rahmat salam ingkang saget selamet kita sedaya keribetan lan pitnah, lan dhatengaken dhateng sedaya hajat saget nunjukaken sedaya keawonan, saget ngangkat wonten ing ngersane panjenengan saget dumugekaken wonten ing panggonanipun seja sedaya kesaenan, nalika gesang utawi sak sampunipun pejah.duh ﷲ kulo nyuwun kawelasan tumprap sedaya nikmat papesthen panjenengan sedaya kesaenanipun barang kados kang sampun dipun suwun dening kanjeng nabi muhamad ingkang dados kawula lan utusan panjenengan lan nyuwun reksa saking awonipun barang kados dene ingkang sampun dipun suwun dening kanjeng nabi muhamad. Ingkang dados kawula &utusanipun panjenengan. Duh ﷲ kulo nyuwun dateng perkawis ingkang netepaken dhateng rohmat panjenengan lan seja-seja ingkangnyuwun dhateng panjenengan lan selamet saking sedaya dosa lan nyuwun keuntungan saking sedaya nikmat kesaenan untung mawi suwarga wilujeng saka neraka ugi dipun sepura nalika dipun hisap. Duh ﷲ mugi ampun . . . dateng manah kulo, sak sampunipun panjenengan paringi pitedah, sejatosipun panjenengan menika dzat kang kathah peparingipun. Duh ﷲ mugi paring pangapunten dhateng tiyang sepuh kalih kulo lan mugi paring kawelasan dhateng tiyang sepuh kekalih kados anggenipun ngupakara dhateng kulo nalika alit, ugi nyuwun pangapunten kangge sedaya tiyang mukmin lan tiyang islam jaler estri ingkang pejah tuwin ingkang gesang. Duh ﷲ mugi paring dateng kulo kesaenan wonten ing donya lan ing akirat lan mugi kareksa wonten saking siksa neraka, mugi ﷲ paring rohmat lan salam dhateng kanjeng nabi muhamad sak kulowarganipun lan sohabatipun, sedaya puji kagungane ﷲ kang mengerani ngalam kabeh
Terjemah bacaan sholat dalam bahasa jawa
SEMBAH BEKTI KAGEM GUSTI ALLAH
Ya ﷲ mugi ngapunten panjenengan ing dosa kulo, mugi njembaraken panjenengan wonten ing griyo kulo, lan mugi paring berkah panjenengan dateng rizki kulo.
Ya ﷲ mugi paring karidhoan dateng kulo kanti putusan panjenengan, lan mugi paring berkah panjenengan dateng kulo, tumprap barang kang sampun kapesti, ngantos kulo boten pengin ngacoaken barang kang sampun panjenengan unduraken, & mboten ngunduraken barang kang sampun panjenengan laksanaaken.
Ya ﷲ kulo nyuwun pangreksa saking prihatin lan susah, kulo nyuwun pangerksa saking apes lan kesed, & kulo nyuwun pangreksa saking sifat jireh lan medit, & kulo nyuwun pangreksa saking kathahipun utang-piutang saha saking pamaksanipun para kaum dholim.
Ya ﷲ kulo nyuwun slametipun agami, nyuwun kuwasanipun jazat, tambahipun pangertos, berkahipun rizki, kulo kapok sakderenge pejah, nyuwun rahmat wekdal pejah lan nyuwun pangapunten sasampunipun pejah.
Duh pangeran kulo. Mugi empun mlengpengaken manah kulo sasampunipun pinaringan pituduh lan mugi paring rohmat dateng kulo, sajektosipun panjenegan punika zat ingkang agung peparingipun
Ya ﷲ mugi ngapunten panjengan ing sedoyo kalepatan kulo, lan kabodoan kulo, leluwihanipun sedaya perkawis kula, lan mugi ngapunten dateng sedaya perkawis ingkang panjenengan langkung pirsa katimbang kulo, mugi ngapunten dateng sedaya perkawis kulo ingkang kulo senaja. Sedaya punika wonten kulo.
Ya ﷲ mugi dadosaken panjenengan ing nur wonten ing manah kulo, nur wonten ing kubur kulo, nur wonten ing pamireng kulo, nur wonten ing paningal kulo, nur wonten ing rambut kulo, nur wonten ing kulit kulo, nur wonten ing daging kulo, nur wonten ing ngajeng kulo, nur wonten ing wingking kulo, nur wonten ing tengen kulo, nur wonten ing kiwo kulo, nur wonten ing nginggil kulo, nur wonten ing ngandap kulo, kanthi rahmat panjenengan , duh zat ingkang maha welas
Ya ﷲ mugi ngreksa panjenengan dateng kulo saking susah, pejah, cilaka lan saking awone pesten, ugi saking geguyune para mungsuh.
Duh pangeran kulo, mugi panjenengan njembaraken dada kulo lan mugi gampilaken panjenengan ing perkawis kulo lan mugi ngudari bundele lisan kulo supados sedaya ingkang mireng sami mangertos dateng pangucap kulo
Ya ﷲ mugi maringaken ing sedayane kesaenan ingkang sampun dumawah lan dereng, sami ugi ingkang kula sumerep tuwin ingkang kulo mboten sumerep, lan kulo nyuwun pangreksa saking keawonan ingkang sampun dumawah lan ingkang dereng, sami ugi kula sumerep utawi kula mboten sumerep.
Ya ﷲ saestunipun kulo punika apes mugi paring kiat panjenengan dateng kulo, lan saestuneipun kula punika ina mugi paring kamulyan panjenengan dateng kulo, saha kulo punika miskin mugiparing cukup panjenengan dateng kulo. Duh dzat ingkang maha welas asih
Ya ﷲ sayektosipun panjenengan punika pirsa dateng punapa ingkang kulo umpetaken lan ingkang kulo lahiraken, mugi nampi panjenengan ing pesaben kulo lan panjenengan punika pirsa dateng hajad kulo, mugi maringi panjenengan ing panyuwun kulo, lan malih panjenengan pirso dateng punapa ingkang wonten ing manah kulo, mugi ngapunten panjenengan ing dosa kulo.
Ya ﷲ sampun dadosaken bingahing mungsuh kulo kranten kesusahan kulo, sampun damel awonipin sanak konco kulo dateng kulo, sampun nyampur ngantos kepentingan donya panjenengan dadosaken pokok kaprihatosan kulo, lan sampun nguwasaaken tiyang mboten gadah kawelasan nguwasani dateng kulo, duh dzat ingkang gesang tur jumeneng wonten ing dzatipun piyambak.
Gusti ﷲ ingkang nyukupi marang agamaku, gusti ﷲ ingkang nyukupi donyaku , gusti ﷲ ingkang nyukupi marang barang kang di prihatinaken aku, gusti ﷲ ingkang nyukupi ngatasi marang wong wong kang pada pada nganiaya marang aku, ,gusti ﷲ ingkang nyukupi brantas wong wong kang pada gawe ala marang aku, ugo ora ana reka daya lan kekuatan kang maedahi kejaba mung saking pitulungane gusti ﷲ
Ya ﷲ saestu masrahaken kulo ing hajat kulo dateng panjenengan senadyan akal kulo apes, sekedik rekadaya kulo, sekedik amal kulo, ugi saget ngajeng ngajeng kulo dateng rahmat panjenengan, pramilo mekaten kulo inggih nyuwun dhateng panjenengan duh dzat igkang nyekapi sedaya perkawis
Ya ﷲ mugi dadosaken panjenengan ing kulo dados golonganipun tiyang tiyang kang ahli paring pitedah tur ahli nampi pitedah, sanes golonganipun tiyang tiyang kang sami kesasar tur tukang nyasaraken, lan mugi dados tiyang kang sami merangi satru panjenengan lang mungsuhi tiyang tiyang kang sami nyatru dhateng makhluk panjenengan.
ya ﷲ doa punika panjenengan ingkang saget nyembadani lan susah payah punika panjenengan ingkang kapasrahaken, saestune kulo punika saking kagungan ﷲ, lan saestu kulo mesti wangsul dateng ngarsane ﷲ, boten wonten reka daya lan kekiyatan namung pitulunganipun ﷲ ingkang maha luhur & maha agung.
Ya ﷲ kulo nyuwun pangreksa saking awonipun laku lampah kulo, lan saking awonipun sedaya ingkang awon, boten wonten reka daya lan kekiyatan kejawi pitulunganipun gusti ﷲ
Ya ﷲ mugi nedahaken panjenengan ing kulo dateng saenipun budi pekerti kranten boten wonten ingkang saget nedahaken dateng budi pekerti ingkang langkung sae kejawi panjenengan, lan mugi nyingkiraken awonipun budi pekerti saking kulo, kranten boten wonten ingkang saget nyingkiraken kejawi panjenengan
Ya ﷲ mugi maringaken rizki kang halal dateng kulo, tur boten nyiksa dateng kulo, lan mugi maringi nrima dateng kulo, saking soal rizki ingkang sampun panjenengan paringaken dateng kulo, lan mugi nglampahaken panjenengan dateng kulo ing amal kesaenan ingkang panjenengan kersa nampi amal kulo sebab rizki ingkang halal
Ya ﷲ duh dzat ingkang mboten saget mlarat sebab pinten-pinten dosane makluk lan boten saget kekirangan sebab paring pangapunten, mugi maringaken dateng kulo ing barang kang mboten mlarati lan ngirangi panjenengan.
Ya ﷲ sayektos kulo nyuwun pangreksa saking gadahing ilmu ingkang boten manfaat lan manah ingkang mboten khusuk saha doa ingkan boten di tampi, ugi nyuwun pangreksa saking hawa nefsu ingkang gadahi bosen.
Ya ﷲ sayektos kulo nyuwun pangreksa saking wakotipun manah lan lali, lan katahipun tanggungan lan nyuwun pangrekso saking asor lan kemlaratan
Ya ﷲ sayektos kulo nyuwun pangreksa panjenengan saking icalipun nikmat peparing panjenengan lan pindahipun keslametan ingkang panjenengan paringaken lan saking ngagetaken siksa panjenengan, lan saking sedaya bendu panjenengan
MEMINTA KEPADA TUHAN
1. Do'a Ketika Bangun Tidur
"Segala Puji bagi Allah yang menghidupkan kami sesudah mati/tidur kami, dan kepada-Nya kami kembali"
2. Do'a Ketika Mimpi Baik
"Segala puji bagi Allah yang telah memberi hajatku"
3. Do'a Ketika Mimpi Buruk
"Yaa Allah, sesungguhnya aku berlindung kepada-Mu dari perbuatan setan dari mimpi-mimpi yang buruk"
4. Do'a Sebelum Masuk WC
"Dengan nama Allah. Ya Allah, sesungguhnya aku berlindung kepada-Mu dari kejahatan para setan"
5. Do'a Setelah keluar WC
"Segala Puji bagi Allah yang telah menghilangkan apa yang menyakitkan aku dan menyisakan apa yang bermanfaat bagiku."
6. Do'a Hendak Berpakaian
"Dengan nama Allah Yang Maha Pengasih lagi Maha Penyayang. Yaa Allah, aku memohon kepada-Mu dari kebaikan pakaian ini, dan kebaikan sesuatu yang ada dipakaian ini. Dan aku berlindung kepada-Mu dari kejahatan pakaian ini dan sesuatu yang ada dipakaian ini"
7. Do'a Ketika bercermin
"Segala puji bagi Allah yang menyempurnakan kejadiaanku dan memperindah dan memuliakan rupaku lalu membaguskannya dan menjadikan aku muslim"
8. Do'a Sebelum Makan
"Yaa Allah, berkatilah rezeki yang engkau berikan kepada kami, dan peliharalah kami dari siksa api neraka"
9. Do'a Sesudah Makan
"Segala puji bagi Allah yang memberi kami makan dan minum serta menjadikan kami memeluk agama islam"
10. Do'a Keluar Rumah
"Dengan nama Allah aku berserah diri kepada-Nya, dan tiada upaya kecuali dengan pertolongan Allah"
11. Do'a Berpergiaan
"Ya Allah, mudahkanlah kami berpergian ini, dan dekatkanlah kejauhannya. Ya Allah yang menemani dalam berpergian, dan Engkau pula yang melindungi keluarga"
12. Do'a Naik Kendaraan Darat
"Maha suci Tuhan yang memudahkan ini kendaraan bagi kami, sedangkan kami tiba bisa memudahkan kepada-Nya, dan kepada Allah kami kembali"
13. Do'a Naik Kendaraan Laut
"Dengan nama Allah, yang menjalankan kendaraan ini berlayar dan berlabuh, sesungguhnya Tuhanku Pemaaf lagi Pengasih"
14. Tiba ditempat Tujuan
"Segala puji bagi Allah, yang telah menyelamatkan akau dan yang telah melindungiku dan yang mengumpulkankanku dengan keluargaku"
15. Do'a Hendak Masuk Rumah
"Yaa Allah, aku minta kepada-Mu baiknya runah yang kumasuki dan rumah yang kutinggalkan. Dengan nama Allah kami masuk rumah, dengan nama Allah aku keluar rumah, serta kepada-Nya aku berserah diri"
16. Do'a Sebelum Tidur.
"Dengan nama-Mu yaa Allah, hidupku dan matiku"
Do'a Seputar Ibadah
a. Do'a sebelum wudhu
"Tuhan, aku berlindung kepada-Mu dari kejahatan setan-setan, dan aku berlindung kepada-Mu dari kehadiran mereka"
b. Do'a membasuh telapak tangan
"Yaa Allah, aku memohon kepada-Mu keberuntungan dan keberkatan, dan aku berlindung kepada-Mu dari kesialan dan kebinasaan"
c. Do'a berkumur
"Yaa Allah, tolonglah aku sehingga aku bisa membaca kitab-Mu (Al Qur'an) dan bisa banyak mengingat-Mu, teguhkanlan aku dengan kata-kata yang kukuh di dunia dan di akhirat"
d. Do'a membasuh muka
"Yaa Allah, cerahkanlah wajahku dengan cahaya-Mu pada hari ketika Engkau mencerahkan wajah-wajah para wali-Mu, dan janganlah hitamkan wajahku pada hari ketika Engkau menghitamkan wajah-wajah para musuh-Mu"
e. Do'a ketika membasuh tangan kanan
"Yaa Allah, berikanlah catatan amalku pada tangan kananku dan hisablah aku dengan ringan"
f. Do'a ketika membasuh tangan kiri
"Yaa Allah, aku berlindung kepada-Mu dari diberi catatan amal pada tangan kiriku atau belakang punggungku."
g. Do'a ketika mengusap kepala
"Yaa Allah, lindungilah aku dengan rahmat-Mu, turunkanlah kepadaku keberkatan-Mu, dan tempatkanlah aku dibawah lindungan arasy-Mu pada hari ketika tiada naungan kecuali naungan-Mu. Yaa Allah haramkanlah rambut dan dagingku dari neraka"
h. Do'a ketika mengusap telinga
"Yaa Allah, jadikanlah aku diantara mereka (orang) yang mendengarkan perkataan dan mengikuti yang terbaik. Ya Allah mampukanlah aku mendengar seruan para penyeru surga dan bersama para saleh di surga"
i. Do'a mencuci kaki kanan
"Yaa Allah, kukuhkanlah kakiku dijalan yang lurus bersama-sama dengan kaki hamba-hamba-Mu yang saleh"
j. Do'a sesudah wudhu
"Aku bersaksi tiada Tuhan melainkan Allah dan tidak ada yang menyekutukan bagi-Nya. Dan aku bersaksi bahwa nabi Muhammad adalah hamba-Nya dan utusan-Nya. Ya Allah, jadikanlan aku orang yang ahli taubat dan jadikanlah aku orang yang suci dan jadikanlah aku dari golongan orang-orang yang shaleh"
k. Do'a setelah mendengar Adzan
"Yaa Allah, Tuhan yang mempunyai seruan yang sempurna dan shalat yang ditegakkan ini, berikanlah dengan limpah karunia-Mu kepada Nabi Muhammad kedudukan dan keutamaan (paling tinggi) dan limpahkanlah kepadanya tempat yang terpuji yang telah engkau janjikan"(H.R. Muslim, Abu Daud dan Ibnu Majah)
l. Do'a pergi ke Masjid
"Yaa Allah, jadikanlah dalam nur, dalam lisanku nur, jadikanlah dalam pendengaranku nur,dan dalam penglihatanku nur. Jadikanlah dari belakangku dan dari depanku nur. Jadikanlah dari atasku dan dari bawahku nur. Yaa Allah berilah aku nur tersebut"
m. Do'a masuk Masjid
"Yaa Allah, bukakanlah bagiku pintu-pintu rahmat-Mu."
n. Do'a Keluar Masjid
"Yaa Allah aku memohon kepada-Mu karunia-Mu"
o. Do'a sebelum shalat
"Yaa, Allah, aku berlindung kepada-Mu dari gangguan setan dan aku berlindung kepada-Mu dari kedatangan mereka"
p. Do'a Sujud terakhir sebelum salam
"Yaa Allah, sesungguhnya kami berlindung kepada Engkau dari adzab kubur dan kami berlindung kepada Engkau dari gangguan dajjal, dan kami berlindung kepada Engkau dari tipu daya hidup dan kematian. Yaa Allah, sesungguhnya kami berlindung kepada Engkau dari berbagai sumber dosa dan kesukaran hidup"
q. Dianugrahi Istri dan anak yang shaleh
"Tuhan kami, karuniakanlah kepada kami dari istri-istri kami dan anak cucu kami yang menyenangkan kami dan jadikanlah kami sebagai ikutan bagi orang-orang yang bertaqwa " (QS. Al-Furqan : 74)
r. Agar anaknya menjadi orang yang berilmu
"Ya Allah, jadikanlah aku, anak-anakku, dan keluargaku termasuk dari golongan orang yang baik. Dan janganlah Engkau jadikan aku serta mereka dalam golongan orang yang jahat, dan orang yang membuat mudharat. berilah rezeki kepadaku dan kepada mereka berupa ilmu yang bermanfaat, rezeki yang lapang, budi pekerti yang baik, pertolongan untuk taat, dan kepahaman mengenai para nabi"
s. Untuk kedua orang tua
"Ya Tuhanku, ampunilah dosaku dan dosa ayah serta ibuku, kasihanilah mereka sebagaimana kasih mereka padaku sewaktu aku masih kecil"
Pitutur Kang Wajib Di Eling Eling
Åjå múng kèlingan lan migatèkaké barang kang katón baé, sêbab kang katón gumêlar iki anané malah ora langgêng.
Kahanan donyå iku ora langgêng, mulå åjå ngêgungaké kasugihan lan drajadira, awít samångså wolak-walikíng jaman ora kisinan.
Kahanan kang ånå iki ora suwé mêsthi ngalami owah gingsír, mulå åjå lali marang sapådhå-padhaníng tumitah.
Síng såpå sênêng ngrusak katêntrêmaníng liyan bakal dibêndhu déning Pangéran lan diwêlèhaké déning tumindaké dhéwé.
Watakíng manungså iku kêpingín kuwåså, nangíng Pangéran iku bakal maríngaké panguwåså miturút kêrsané Pangéran pribadi.
Yèn sirå dibêciki liyan tulisên ing watu supåyå ora ilang lan tansah kèlingan, yèn sirå gawé kabêcikan marang liyan tulisên ing lêmah, supåyå énggal ilang lan ora kèlingan.
Åjå rumangsa bênêr dhéwé, jalaran ing donya iki ora ånå síng bênêr dhéwé.
Ngèlmu iku kêlakóné kanthi laku, sênajan akèh ngèlmuné lamún ora ditangkaraké lan ora digunakaké, ngèlmu iku tanpå gunå.
Wóng ålå yèn bisa kuwåså, kang ålå iku diarani bêcík. Kósókbaliné yèn wóng bêcík kang kuwasa, kang bêcík iku kang ditindakaké.
Síng såpå tansah ngêgúngaké pangkaté, wirang lamún ånå owahing jaman. Síng såpå ngêgúngaké bandhané, wirang lamún sírnå bandhané.
Båndhå iku pêrlu nangíng åjå diumúk-umúkaké, drajad lan pangkat iku pêrlu, åjå dipamèr pamèraké, jalaran biså mlèsèdaké awaké dhéwé.
Åjå sênêng mamèraké båndhå lan ngêgúngaké pangkat, sêbab båndhå biså lungå, drajad/pangkat bisa oncat.
Yèn sirå sacårå badaniyah lan rohaniyah têtêp kêpingín bagas kuwarasan, tansah élingå róng prakårå iki :
1. Tansah jaganên sakèhíng samubarang kang nêdyå sirå lêbókaké ing tutúk, dithinthíng luwíh dhisík åpå bakal gawé rusakíng rågå åpå ora.
2. Kulinaknå mikír luwih dhisík samubarang kang arêp sirå wêtókaké såkå tutúk. Liré pikirên luwíh dhisík klawan matêng åpå kang bakal sirå wêtókaké iku ora malah gawé kucêmíng awakmu dhéwé, nglarani atiníng liyan åpå ora. Déné yèn ora ånå paédahé luwíh bêcík åjå kók kojah amríh ora nandhang piduwúng.
Kang kinaran janmå kang wís kadunúngan cíptå kang wêníng iku, yåiku såpå kang wís têmên-têmên mantêp pangidhêpé marang Gústi Kang Múrbèng Dumadi. Wóng kang kåyå mangkono mau samångså nindakaké pakarti åpå tå åpå tansah linambaran ati kang sarwå têpa tulús, kabèh-kabèh amúng akarånå Allah. Ora cilík ati, gêdhéné ngråså owèt ing kalané wóhíng panggawéné mitunani awaké dhéwé, nangíng biså gawé raharjanésêsamaníng dumadi. Kósókbaliné wóng kang nindakaké pangibadah nangíng isih ndarbèni pêpinginan supåyå diwêruhana lan digawókana déníng Allah, iku pratåndhå yèn pangidhêpé lan pangibadahé durúng akarånå Allah.
Wóng kang kulina ngéníngaké cíptané kang rêsík ing wayah ésúk, lawas-lawas banjúr biså ngêningaké cíptané ing wayah bêngi ugå, lan sangsåyå lawas manèh bisa ngêningaké cíptå ing wayah åpå baé lan ing ngêndiya baé. Nangíng sabarang pratingkah iku biså dadi pakulinan manåwå katindakaké kanthi ajêg, sarånå panglantíh kang tumêmên lan ora bosên. Klawan mangkono sabarang kang mauné rinåså rêkåså lan abót, bakal sírnå. Mangkono ugå ånå bédané yèn kita kêpingín nanêm wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpå bosên.
Ciri-ciriné jiwa kang isih kóthóng mono biså dititík såkå ulat praupan, tutúr wicara, lan tingkah lakuné kang ora naté gêlêm kalah. Sabarang tindak-tandúké kêpingín unggúl lan mamèraké kaluwihané, ora anggèr kaluwihan biså kanggo ngadhêpi bêbåyå lan ngêntas såkå papan cintråkå. Kaluwihan kang tanpå dilandhêsi kautaman, kênå diumpamakaké kayadéné wêdhak pupúr síng nèmpèl ing njaban kulít baé, ora biså tahan suwé lan gampang luntúr margå såkå pakartiné dhéwé, awít nêrak dhasar-dhasar bêbênêr lan kasucian.
Samångså lagi ngadhêpi uríp rêkåså prayogané adhêpana klawan èsêm gumuyu. Awít iku wus wujúd sênjåtå kang bisa gawé ènthèngíng sanggan lan bakal numusi muluríng pikír.
Nanging yèn pênandhangmu mau tansah kók adhêpi kanthi ulat kang suntrút adhakané kowé bakal kêntèkan pikír kang wêníng, wusanané dadi nékat nuruti pokal kang nêrak bêbênêr.
Wóng mati iku bandhané ora digåwå.