Ringgit Purwo

Sembah Sungkem Dalem Haturaken kagem keluargo bapak, Ibu & Sederek.
Mugi sami rahayu wilujeng slamet.
Katur dhumateng panjenengan menawi wonten kalodangan wekdal soho danganing penggalih,
kawulo aturi rawuh wonten ing griyo kawulo :
dinten Rebo Legi suryo kaping 27 Juli tabuh 9 dalu
ing Nglencong 2 - Dempel - geneng - Ngawi.
Acara : Silaturahmi & caos dono raos dumateng poro sederek arupi
gelar pekeliran ringgit purwo sedalu natas. dalang Ki Edy Sudarsono,
kanthi lakon "Dumadine Pari sapiturute"
kawulo tansah angrerantu rawuh panjenengan Sekaliyan.
Wasono kulo namung saget ngaturaken agunging panuwun dhumateng kawigatosan lan rawuh panjenengan
mugi Gusti Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar